Pages

Subscribe:

Wednesday, January 30, 2013

GEGURITAN JAWA



“ KAHURIPAN “

Lelakoning  Manungsa. . . . . . . . .
Tansah owah gingsir melu sang kala
Ana kalane dumunung ngakasa
Bisa uga ing dhasaring samudra

Mubeng, munyeng, muter. . . . . . . .
Datan kena binendung laku kang santer
Manungsa nemahi geter
Yen rinasa ati kedher

Sang kala mbabar bawana . . . . . . . . .
Lumantar plethek lan suruping surya
Rina wengi tan rinasa
Menawa takdir wis ngrabasa

Lakuning jaman tansah obah
Ana susah ana bungah
Mesthi cumondhok ing manah
Nggiles sakabehing titah. . . . . . ..
KARO AKU
bebarengan sliramu
mecaki dina-dina kebak puspa
lan warna
prasasat tanpa ana rasa ngelak lan luwe
ora ngerti-ngerti, sedhela tekane esuk marani sore
wewangunan kang awake dhewe gawe sakloron
wis katon endah
sanajan wus ngerti ora bakal dadi
daksawang netramu
angel anggonku nggoleki (nyurasa) pangucapmu
kaya isih kabotan, sliramu
bebarengan ngadhepi dina-dina kang bakal lumaku


geguritan

Piye.....
Ora ngerti dak pindha pindha atiku
ora ngerti dak rasa rasa atiku
dek biyen nganti seprene
dak antu antu tumurun kabegjan sejati
kanggo sliramu yo sisihanku
tetep tak kanthi
semedi,
laku mangendi bae
awit wis kasurat jenengmu kanggo aku
nganti tekan angslupe jagatku
ora ana liya, ngayuh urip sampurna

0 comments:

Post a Comment